Sintren
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sintren iku seni tradhisional kang ana ing pesisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon. Asline, sing dadi penarine wong wadon kang isih suci (prawan), nanging ana kalane dipandhegani dening sawijining priya kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing pagelaran ebeg, para pemaine padha mendem (intrance). Banjur, salah sijine paraga mau ditindhih lesung lan dileboake ing kurungan. Ing njero kurungan iku, wong mau dandan kaya dene wanita lan njoget kaya dene sing liyane. Ing sawetara kedadeyan, paraga mau nglakoake thole-thole, yaiku sing nari nggawa tampah lan mubeng ing kalangan njaluk sumbangan karo sing mirsani.
[sunting] Sulasih lan Sulandana
Ana crita rakyat kang dadi landhesane sintren iki, yaiku Sulasih lan Sulandana (Sulandono).
Sulandana iku putrane Ki Baureksa karo Dewi Rantamsari. Sulandana kepranan marang Sulasih, kenya saka Desa Kalisalak. Emane, Ki Baureksa ora sarujuk. Sulandana ora trima, dheweke lunga tapa (semedhi) lan Sulasih dadi tukang njoget (penari).
Ewa semana, kekarone isih tansah sapatemon ing alam gaib. Patemon iku linantaran dening Dewi Rantamsari. Ibune Sulandana mau ngleboake roh widodari ing awake Sulasih. Sawise kuwi, Dewi Rantamsari ngundang Sulandana kang lagi tapa mau supaya teka.
Mula saka kuwi, ing pagelaran sintren ana pawang kang nyoba ngleboake roh widodari. Syarate, sing nari sintren mau kudu wanita kang isih suci. Yen ora suci, roh widodari ora gelem manjing.
[sunting] Panyebarane
Kesenian iki kondhang ing saperangan pesisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon sarta sakupenge. Antara liya panggonan-panggonan kuwi yaiku: Pemalang, Pekalongan, Brebes, Banyumas, Kuningan, lan Cirebon.Ing sawetara panggonan, sintren uga disebut lais. mantra kang kanggo ngundang roh widodari mau ing antarane: Turun Sintren lan Yu Sintren.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.