Sumber sajarah
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sajarah umume diwiwiti saking tulisan dadi sejarah iku dipelajari saking peninggalan-peninggalan tulisan (uga gambar) menungsa jaman rumiyin contone Prasasti. Sakderengipun menungsa wiwit tepang tulisan iku asmane jaman Prasejarah. Dados masing-masing wilayah nang donya iku sajarahe diwiwiti saking kurun wektu sing beda-beda tergantung kapan masyarakate wiwit tepang kalih tulisan. Ana 2 sumber sajarah sing valid yaiku sumber utama utawa primer lan sumber tambahan utawa skunder.
[sunting] Sumber utama
Yaiku peninggalan-peninggalan sajarah asli sing urung diolah utawa dichitak, sumber iki umume peninggalan-peninggalan sing diyakini asli saking pelaku sejarah utawa wong sing urip ing jaman sing padha karo pelaku sejarah lan ora nduwe kepentingan-kepentingan tinentu utamane politis. Wujud sumber utama iki contone prasasti, candhi, fosil, manuskrip asli (sing urung dichitak), uga sumber-sumber lisan. Sumber sajarah utama iki kudu asli dadi dudu terjemahan, kutipan utawa tafsiran.
[sunting] Sumber tambahan
Umume saka kasil kajian ahli sajarah dadi kasil tulisan ahli sajarah sing wis dichitak utawa online kanggo disebaraken ing masyarakat umum. Wujud kasil chitakan iku antarane risalah, buku, majalah, laporan uga sing online ing internet.